PERANGANE NASKAH PIDHATO
PEPILING
Sajrone
tanggap wacana (pidato), ana sawenehe
perangan kang kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidato,yaiku :
1. Salam Pambuka
Salam pambuka yaiku:
salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh.
Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.
2. Purwaka
Purwaka yaiku atur pamuji
syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/tamu sing
kepareng rawuh.
3. Isi utawa Surasa Basa
Isi yaiku sakabehe bab
sing diandharake marang para rawuh/tamu.
4. Dudutan (kesimpulan)
Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang
wigati utawa intine sing diandharake.
5. Pangarep-arep
Pangarep-arep yaiku
pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing
midhangetake.
6. Wasana Basa (penutup)
Wasana (penutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana
kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.
A.RINGKASAN
MATERI1.
Pranatacara
Saking tembung lingga tata lan cara.
Dasanamanipun pranatacara inggih menika panatacara, panata adicara, paniti
laksana, pambiwara lan MC.
Syarat –syaratipun dados Pranatacara:
a) Nggadhahi
kekendelan lan sifat sengguh ora mingkuh.
b) Nggadhahi
ketrampilan ing bab wicara.
c) Nguwaosi
materi ingkang badhe katindakaken.
d) Nggadhahi
prana ingkah ndudut manah.
Kejawi
menika pranatacara ugi kedah nggadhahi gegebengan kangge jangkepi jejeripun
minangka Pranatacara lanthi lampah:
·
Malagawa: tumindak kanthi trampil
trengginas.
·
Matanggap: tanggap ing saliring swasana.
·
Malaksana: mrebawani
·
Magatra: Nggadhahi patrap ingkang
prasaja.
·
Mawasta: Sengguh ora mingkuh wruhing
rasa lan suba sita.
·
Mardawa basa: lebda ing bab basa.
·
Mardawa Swara: wasis ing pangolahing
swara
Sanguning
Pranatacara:
1. Olah
swara
a) Logat:
ngangge dialek jawa (jogja).
b) Pocapan:
kudu cetha, las – las,ora bindheng lan ora blero.
c) Wirama:ana
cekak dhawa, ngisor nduwur ora mung ajeg.
d) Wirasa:
nalika micara nglaras surasa.
2. Olah
basa lan sastra : pilihan tembung, purwakanthi, sekar, suluk, panyandra,
paribasan, pepindhan, wangsalan lan sapanunggalane.
3. Olah
raga : pangolahing raga supaya solah bawa utawa tindak tanduke trep karo jiwa
panatacara sing empan papan.
4. Olah
busana : busana kudu trep karo adat lan swasana.
Urutan
Reroncening acara
1. Salam
Pambuka
2. Salam
talim= salam pakurmatan
3. Ngaturaken
Puji syukur
4. Reroncening
acara
5. Panutupan
6. Salam
Panutup
2.
Tembang
Campursari
Lelagon
campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing mesthi bisa gawe
gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo ngelipur ati.Cakepane uga
prasaja lan gampang diapalke. Sing ngiringi saka gamelan lan alat music
modheren., loro – lorone ditabuh bebarengan kanthi laras lan kepenak
dirungokake. Conto penyanyi campursari ingkang kondhang inggih menika Manthous,
Didi kempot, sony joss lan sapanunggalane. Contonipun lagu campursari inggih
menika Tanjung Mas Ninggal Janji, Sewu Kutho, Pacobaning urip, Alun- alun
Nganjuk lan sapanunggalane.
3.
Ngudaraos
Ngudaraos atau ngudhar raos inggih
menika ngudharaken rasa / uneg – uneg.
4.
Tembang
Macapat
Tembang macapat ugi kasebat sekar alit utawi tembang
cilik.
Ingkang kasebat tembang cilik wonten 11 inggih menika:
1. Mijil
: ateges metu, miyos utawi lair.
Paugeranipun: 6 gatra: 10 i – 6o – 10e –
10i – 6i – 6u
2. Kinanthi:
saking lingganing tembung kanthi utawa tubtunlare ingkah taksih balita dipun
tuntun/ dipunbimbing.
Paugeranipun: 6 gatra: 8u – 8i – 8a – 8i
– 8a – 8i
3. Sinom:tegesipun
nem – neman/ pemuda ingkang nedheng – nedhengipun ngudi kawruh.
Paugeranipun: 9 gatra: 8a – 8i – 8a – 8i
– 7i – 8u – 7a – 7i – 12a
4. Asmaradana:
Para mudha sasampunipun ndungkang diwasa lajeng kastuwuhan raos tresna dhateng
tiyang sanes.
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 8i – 8e/o –
8a – 7a – 8u – 8a
5. Gambuh:
Saking tembung jumbuh/sarujuk/cocog, ingkang tegesipun sampun sarujuk lajeng
dipun gathukaken.
Paugeranipun: 5 gatra: 7u – 10u – 12i –
8u – 8o
6. Dhandhanggula:
tegesipun tiyang ingkang sampun mangun gesang bebrayan nggadhahi idha – idhaman
gesang ingkang sarwa sarwi endah.
Paugeranipun: 10 gatra: 10i – 10a – 8e –
7u – 9i – 7a – 8u – 8a – 12i – 7a
7. Durma:
saking tembung darna/paweweh. Tiyang gesang sasampunipun kacekap kabetahanipun,
lajeng wiwit mikir kabetahanipun sesaminipun.
Paugeranipun: 7 gatra: 12a – 7i – 6a –
7a – 8i – 5a – 7i
8. Maskumambang:
Tiyang ingkang sampun ndungkap sepuh wonten raos mangu – mangu ing manahipun
ngetang – etang kathahing tumindhak ingkang awon.
Paugeranipun: 4 gatra: 12i – 6a – 8i –
8a
9. Pangkur:Saking
tembung mungkur/ nyingkur. (Nyingkiri hawa napsu)
Paugeranipun: 7 gatra: 8a – 11i – 8u –
7a – 12u – 8a – 8a -8i
10. Megatruh:
saking tembung megat/pisah lan ruh. (pegatipun ruh lan raga)
Paugeranipun: 5 gatra: 12u – 8i – 8u –
8i – 8o
11. Pocung:
Sasampunipun tilar donya dipunbungkus mori pethak.
Paugeranipun: 4 gatra : 12u – 6a – 8i – 12a
Paugeran
Macapat